JAman aku sekolah..
di tonton soko judule wae wes isoh di bedhik opo isine tulisan iki...
yo kui aku nulis crito iki ameh nyritakke kepie jaman aku sekolah SMA mbien.
tak wiwiti soko jeneng ku,
jeneng ku yoiku SANTOSO ora ngarang ora gawe-gawe yo opo nyatane kui enek e jeneng ku yo mung singkat,padat dan jelas.
aku dek mbien sekolah ono ing SMA N 1 jatinom.. yo kui..SMA seng paling BONAVIT ing jatinom..
suasana sekolahan e ki yo penak,ora sumpek,ora pengab,wong yo sekolahan e ki pinggir sawah,dadine ki tenang ngono suasanane,ora keganggu montor/pit montor liwat.
lha sakiki giliran crito tentang awakku dewe..
aku yo ra ngapusi,ora ngarang tur ora gawe-gawe..
jaman aku mbien,yo tak akoni aku ki wonge pinter!(nek kon ngapusi).aku ki pelajaran opo wae mesti isoh(gae masalah).
nek pas pelajaran aku mesti nggatekke(hp). wahahahahaa
yo kui mau,pancen dasare aku ki wonge ora pinter,uteg e yo mung cupet,nek pelajaran enek e mung gojegan,biji ulangan ra tau apik,mlh pernah ulangn matematika etok biji "0",lha dasare goblog soale angel,ra tau sinau.. yo uwes no.. ulangan sak folio tak tulis jeneng tok tak tumpuk tak tinggal neng kantin,(tok biji karepmu ora karepmu).
gurune mesti gedhek-gedhek karo aku... wakakakak
aku ki y bngung karo awakku dewe,pelajaran opo wae kok mesti bijine elek..
tp aku yo nggumun,aku kok yo isoh lulus,padahal wes tak trawang yen aku ora lulus,neng yo alhamdulillah.. mungkin bejan! wkkk
tp yo aku ki ora goblog sak goblog2 e uwong..
raketang 1-2 aku ki yo isoh 2 wae..
misale bahasa inggris,penjaskes,kesenian,tik,boso jowo,yo sing gampang2 lah pokoke..
tak kandani yo.. meneng2 aku ki yo isoh bahasa inggris.. aku mbien yo lulusan GEC(gama english cours),opo ra nggleleng?? ber sertivikat coy!!
mulo nek pelajaran b.inggris aku ra tau di sengeni karo pak seno (guru b.ing seng serem) hahaha.
terus enek maneh.. pelajaran TIK,jaman kae sing mulang pak Wahyu Bedjo Kusumo.. sakiki dewek e yo iseh mulang,
mboh mbien ki aku ora tau di sengeni karo dewek'e,mboh gilo,jijik po pie wakakakakak ora2 mung guyon...
yo nek pelajaran TIK aku ki yo mletik.. kadang konco2 kon nggarapke tugas aku... ning yo tetep kudu setor pajek karo aku.. wkkk
jaman kui yo pas jek gayeng2 e facebook,sewayah2 enek e mung facebookan wae..
mboh ngrasani kancane,ngrasane tanggane opo gurune..
yo iku jaman2 e do narsis, sewayah2 aku ki mung ceprat-cepret nganggo kamera hp,koyo bagus2o rupane kae..
ning yo gayane mung kui2 wae.. mboh foto ro wong lenang,wong wedok opo dewe..
tp paling sering yen karo wong wedok... lha aku normal e bos.. mengko yen foto2 ro wong lanang tarani homo.. g"kuadh saya.. hihihi
jaman mbien jan wes koyo raenek menungso liane.. foto2 ra gagas kiwo tengen e..
nganti guru wae pas turu tak foto trs tak upload,akhire aku di dukani gurune. tp pas aku wes lulus.(ra kacek pak-pak)wakakakk
ora kroso wes nganti jam terakhir,(pelajaran keri dw).
dasare jam keri dewe..awak wes pliket,kesel,pingine mung lek mulih..
iseh kurng seprapat gurune di oyak2 kon lek ngulihke..
dasare gurune yo sepet nyawang rupo2ne bocah2.. saking sepet e yo wes di ion do ndongo wae.. lek mulih murid e seneng gurune yo seneng.. wahaha
wes semene sek wae anggon ku crito...
tunggunen crito selanjutnya... ok!!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar